Kamis, 09 April 2009

Rasakena jroning sanubari

Rumakete lawan angganira

Raket lan rasa pamore

Rorone lwir sajuru

Rina wengi awor lestari

Rata jroning sarira

Rumasuk anurut

Rosing urat daging darah

Rambut-rambut kabeh kasrambah tan kari

Rinoban uripira


keteranganipun

1. Rasakena ing ndalem atimu, sang Eneng sing nganggo awak- awakan anasir mau, anggone anjumenengi wadagmu, awor manunggal karo rasamu.

2. Anasir lan rasa kuwi bleger loro nanging kaya mung siji, sakarone rina wengi tansah awor.

3. Nyrambahi sajroning badan sakojur, rumasuk ing urat, daging, getih, dalah rambut pisan, ora ana sing kliwatan ora kesrambah. Ngerobi uripe

manungsa iki.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar